Monday, February 1, 2016

PITUTUR JOWO #2


Monggo diwoco kanthi legowo...ojo digawe gelo...
๐Ÿ‘ณ" Amargo dunyo iki wis tuwo, wis tuwo tur keronto-ronto" ☺

Contone :

Wong saiki rino wengi mung mburu nepsu, mburu bondo lan mburu donya.

Cah wedok klambine semrawang rambute di labur pirang ben di kiro londo.

Cah lanang rokok an petentang petenteng ben di kiro Al Pacino.

Wong podo rebutan donyo, amanah ora di jogo, sikut kene sikut kono, korupsi duite haram jarene ora opo opo, sing penting mangan wareg wetenge jembluk ora mikir kuwi ono hak e wong liyo, motone merem pura pura ora weruh ono
bocah ngemis ning ngarep matane wetenge perih motone mbrebes melas mergo wis telung dino ora mangan sego.

Akeh omah ibadah ra tau disobo.

Diajak ibadah mesti semoyo jare gaweane durung rampung utowo sambat boyoke loro.

Milih sekolah yo sing larang sing top tambah kursus boso londo, kuatir mengko nek ora iso boso londo arep dadi opo.

Gengsi, ngenyek jarene sekolah ning pondok, boso arab, iku sekolahe cah ndeso, kuno, sekolah murahan lan mengko nek lulus arep dadi opo.

Elingo elingo ning donyo iki ibarat mampir ngombe lan sedelo, sedelo, sedelo.

Mbah e dewe Nabi Adam iku asale soko surgo, goro goro doso di buang ning donyo. Mulo kowe kabeh ojo sok lan gede rumongso.

Ugo elingo maneh kowe kabeh yen sak wayah-wayah kowe bakal dipundut karo Sing Kuwoso, ora enom ora tuwo. Lan ora bakal di takone kowe lulusan sekolah opo lan jabatan opo.

Malaikat podo ngincer kowe kabeh sing podo leno. Mulo elingo kowe kabeh ojo gede rumongso.
Enggal bukaen Al Qur'an  bukune bocah pondok sing mbok nyek jaremu kuno, ndeso lan mengko nek lulus arep dadi opo.

bukune bocah iku Al Qur'an sing bakal nylametke kowe kabeh ngadep marang Gusti Allah sing nggegem nyowomu, jiwo lan rogo.

Mulo kowe kabeh ora usah sok gengsi lan gede rumongso.
Mumpung durung telat bukaen bukune cah ndeso lan kuno iku Al Qur'an di tambah ibadah sing Ikhlas madhep marang Gusti Allah Sing Moho Kuwoso.

Supoyo mengko yen pas ngadep Allah kowe iso mlebu  surgo.

Yen mlebu surgo jo lali Hp-ne digowo, ben iso ngabari lewat whatsapp iki marang dulur lan konco-konco ning ndonyo supoyo ibadahe di tingkatno.

Yen mlebu neroko Hp-ne ra usah digowo, amargo sinyale ra ono.

Pitutur jowo asli iki ojo dilalekno.

Pisan maneh urip iku mung pisan lan sedelo.
Mulo sedulur lan konco, tulung pitutur iki disebarno marang sedulur lan konco-konco supoyo eling karo gusti Allah sing Moho Kuoso.

Sing meneng berarti  rumongso.

Sing mesem lan ngguyu berarti bener iyo.

Sing manyun berarti ra'iso boso jowo .....

No comments:

Post a Comment